Koncoku ndek kerjoan ta kandani, ga kabeh uwong seneng ambe posisimu saiki, ketok pas ndelok hasil wingi padahal mek ujicoba bukan pertandingan resmi akeh seng Ngeremehno jarene musuhe KW ga orisinil, umure ga podo dll. Koncoku emosi ta kandani jiarno ae gawe rame2ne ndunyo 🤣🤣
Ternyata aku tetep mewek lek pas nyanyi lagu Indonesia Raya…biyen ndek tengah Lapangan saiki ndek pinggir lapangan 😭😭😭.
#timeflies
Jare ibu “ Alon-alon le…
Eleng cilikanmu Balbalan ndek kampung lanjut SSB ndek UB 82’ ngga langsung dadi pemain Timnas,
Alon-alon teko Persema junior munggah senior sampe seteruse.lek saiki kepingin dadi pelatih yo alon-alon nggak langsung ndek dukur kabeh butuh proses “
Winginane onok berita persiapkan bekal makanan selama 1 minggu dll, seng jarene kate perang dunia apalah itu, seng duwe duwek dan ekonominya pas onok enak lek ngomong ancene, sek akeh wong ndek Indonesia seng di gawe mangan mene ae durung onok wes kongkon nyiapno seminggu 🫣
Gara2 berita mantan Gubernure Atep seng rame selingkuh mboh bener opo nggak?
Nggarai wong lanang di curigai kabeh iki.
Kate posting bucin ambe ojob di curigai koyo wong iku.
Ga posting romantis jare isin ta duwe ojob aku
Di kandani paling aman wong lanang iku dulinan vespa 🤪🤪
Oleh undangan teko konco SMP
Arek e kate Mantu…..
Time flies….🥹🥹🥹
Ya Alloh Perasaan sek wingi sekolah numpak mikrolet putih Karangploso-Singosari.
Pingin ngomong masalah Timnas tapi ta delok wong2 wes podo pinter kabeh
Pinter opo keminter bedo tipis saiki 🤭🤭🤭


